JOGED E
PENGUOSO
Eling-eling
dhuh poro konco!
Seko leno
ing sandiworo
Kang di
jogedke penguoso
Bakal
nyesep getih iro
Lakon-lakonne
nyihir iro
Mergo
nylamur gebyare donyo
Demokrasi
lan agomo
Memper
Buto nyaplok manungso
Rojah-rajeh
kahanan donyo
Rakyate
negoro do nelongso
Dadi
budhak e penguoso
Kang nyamun
punggowo surgo
Brontak
thukul ing kono-kono
Mledig
janjine penguoso
Kang do mrino lan nestopo
Krungkep
corone odo-odo
Luweh
mukti wong duwe karyo
Iso
perwiro lan njogo projo
Nyumbang
karyo ing negoro
Mikul
drajade wong liyo
Luwih asor
luwih ino
Kang
tansah netek penguoso
Ngorupsi
duite negoro
Ra ngroso
wong liya sengsoro
Eling-eling
siro manungso
Mulo
tansah o podho waskito
Ngudi
ngelmu swijining coro
Kang
migunani marang wong liyo
Eling-eling
siro manungso
Ayo podho
ngeker doso
Dhedhepe o
Kang Moho Mulyo
Murih bejo
nang ngalam baqo’
Koor :
Sing becik bakal ketitik
Sing ala
bakal ketoro
2x
Nang donyo
jo gawe doso
Mangko
kowe biso ciloko
Tidak ada komentar:
Posting Komentar